Senin, 01 Juli 2013

Sesorah


Sesorah yaiku ngandharake gagasan, panemu, informasi ana ing sa-ngarepe wong akeh kanthi cara lisan. Ancase nindakake sesorah yaiku kanggo menehi kawruh, ajak-ajak marang kang ngrungokake supaya gelem tumindak kaya kang diandharake mau. Sesorah kang nengsemake iku ora awujud pakecapane wae nanging uga kabangun saka patrape wong kang guneman.
Patrape wong wasis guneman yaiku:
1)    Solah bawa kang lumrah
2)    Ndeleng marang wong kang diajak guneman
3)    Nampa panyendu utawa susulan
4)   Solah bawane nengsemake
5)    Gandhang swarane lan guneman ora kesusu
6)    Lancar gunemane
7)    Angen-angen logis
8)    Mumpuni utawa nguwasani apa kang dirembug
9)    Miwiti anggone micara manawa wis antuk palilah lan swasane apik
10) Urmat lan nuwuhake rasa paseduluran sarta ana prenesane utawa geguyonan
Dene kang ora kena ditindakake nalika sesorah yaiku:
1.     Ngadeg tanpa ngatekake papan panggonan
2.    Ngadeg kanthi lendhehan podium
3.    Ngadeg kaku utawa kosok baline, lemes ora ana greget
4.    Ngadeg kanthi sikil rapet utawa mbegagah amba
5.    Ngadeg kanthi lelambaran sikil siji
6.    Siaga  kang digawe-gawe
7.    Ngguyu kanthi digawe-gawe
8.    Mbesengut
9.    Gugup
10.  Ora ngatekake kang diajak guneman
Nalika nindakake sesorah kudu nggatekake bab-bab kaya ing ngisor iki, antarane:
a.    Migunakake klambi kang sopan lan pas swasanane
b.    Sikap awake kang kurang prayoga
c.    Owah-owahane ulat
d.    Obahe awak kang kurang becik
e.    Carane nggoceki mikrofon
Kanggo ngilangi rasa minder nalika micara gatekna cara ing ngisor iki:
a)   Nguwasani isi kang bakal dirembug
b)    Nganggo sandhang panganggo sing rapi
c)    Rumangsa yakin manawa kang diadhepi iku sajajar
Dene nulis sasorah luwih dhisik kudu nemtokake:
A.  Salam pambuka
Salam pambuka iku werna-werna gumantung marang kahanan lan marang sapa anggone tanggap wacana. Tuladhane yaiku sugeng dalu, assalamu'alaikum, lan liya-liyane.
B.   Purwaka basa
Purwaka basa iku isine atur panuwun marang para tamu sing wis gelem nglonggarake wektu minangkani panyuwunane sing duwe gawe.
C.    Surasa basa
Surasa basa iku babagan perkara utawa bab kang diandharake.
D.  Wasana basa
Wasana basa iku atur panuwun lan njaluk pangapura menawa ana kekurangan anggone nindakake sesorah utawa pidhato.
E.   Salam penutup
Tuladhane yaiku nuwun, wasalamu’alaikum, lan liya-liyane.
Supaya anggone gawe sesorah luwih gampang, mula kudu gawe cengkorongane dhisik menawa wis digawe bajur diandharakake. Anggone ngandharakake kanthi maneka metode, antarane:
Ø  Metode naskah, tegese sesorah sing dumadi saka maca naskah kang komplit wiwit bebuka nganti tumekaning panutup.
Ø  Metode serta merta, tegese tanpa ana persiapan, ujug-ujug diakon sesorah ing sawijining acara.
Ø  Metode apalan, tegese menehi sesorah kanthi ngapalake luwih dhisik naskahe.
Ø  Metode nyiapake cathethan kang isine babagan ringkesaning isi sesorah.
Wong sesorah iku kudu duweni etika utawa tata krama antarane yaiku:
v  Anggone guneman ora clega-clege, nglantur
v  Prayogane wose wae, cekak, aos, tur mentes
v  Ora ngulur-ngulur wektu, kudu bisa maca kahanan
v  Aja klumalungkung, yen ngadeg kudu ndeleng swasana kiwa tengene wae.
v  Tetep nuduhake yen nguwasani kahanan, ora kok malah ngatonake ora isane.

1 komentar:

NAMA :
TEMPAT TINGGAL :
KOMENTAR :