Minggu, 11 November 2012

Purwakanthi


Purwakanthi yaiku tetembung loro kang padha suarane utawa unine. Purwakanthi bisa kaperang dadi telu, yaiku:
1.  Purwakanthi guru swara, yaiku purwakanthi kang wanda pungkasane padha, swarane kang dibolan-baleni.
Tuladha:
·         Ana awan ana pangan.
·         Becik ketitik ala ketara.
·         Gelem obah mesthi mamah.
2.  Purwakanthi guru sastra, yaiku purwakanthi kang padha sastrane, ing kene kang dibaleni aksarane.
Tuladha:
·         Janji jujur jajahane mesthi makmur.
·         Bibit, bobot, bebet.
·         Saa salah bakal seleh.
·         Sluman, slumun, slamet.
3.  Purwakanthi guru basa utawa purwakanthi lumaksita, yaiuku tembung sing keri dibaleni ing wiwitan tembung kapindho.
Tuladha:
·         Asung bekti, bektine kawula marang Gusti.
·         Raja Putra, Putrane dalem Astina.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

NAMA :
TEMPAT TINGGAL :
KOMENTAR :