Senin, 01 Juli 2013

Musyawarah


Musyawarah yaiku rembugan sawijining kahanan utawa perkara, rembugan kuwi dilakoni luwih saka wong loro supaya bisa golek udharane perkara kanggo mrantasi perkara kang diadhepi.
Menawa mirengake musyawarah kudu temenan, dipahami luwih dhisik lagi wenehi tanggepan, mahamine kudu objektif ategese ora nyawang sapa kang ngendhikan nanging apa sing dingeendhikake. Iku supaya ora dadi padudon amarga salah anggone nampa pamanggih.
Carane nanggepi musyawarah iku bisa wujud pendapat, ide, kritik utawa dene dukungan.
Musyawarah iku bisa kasil menawa nggatekake bab-bab kaya ing ngisor iki, antarane:
1)    Saben anggota musyawarah kudu mangerteni perkara kang dirembug ing musyawarah.
2)    Para anggota musyawarah kudu tanggung jawab lan ngurmati antarane anggota siji lan anggota liyane.
3)    Pemimpin musyawarah kudu nduweni kawibawaan lan ngurmati para anggota musyawarah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

NAMA :
TEMPAT TINGGAL :
KOMENTAR :