Senin, 01 Juli 2013

Tembung


Tembung yaiku rerangkening swara kang kawedhar saka jroning tutuk kang ngemu tegese lan dingerteni surasane. Saben rerangken tembung kang metu saka jroning tutuk tur ngemu teges, iku diarani ukara. Dene yen ana rerangken swara kang metu saka jroning tut tanpa mawa teges, rerangken swara iku ora kalebu tembung.
Menurut awujud, tembung kaperang maneh udakara dadi telung wujud, yaiku
1.      Tembung lingga
Tembung lingga yaiku tembung kang isih wutuh kang durung oleh tambahan apa-apa. Tuladhane: tangi, angkut, bali lan liya-liyane.
2.    Tembung wod
Tembung wod  yaiku tembung sakecap utawa sawanda sing wis ngemu teges utawa surasa. Tuladhane: byak, tir, tho, lan liya-liyane.
3.    Tembung andhahan
Tembung andhahan yaiku tembung sing wis owah saka asale, amarga wis oleh ater-ater, seselan utawa panambang. Tuladhane: makani, menehake, lan liya-liyane

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

NAMA :
TEMPAT TINGGAL :
KOMENTAR :